Senin, 15 November 2010

Guyonan Suroboyo

Posted by Sambudi Sugya Putra 20:48, under | No comments

Guyonan Suroboyo*

Mari kekeselen ngrombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit asem. Mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge luwe. Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole dijupuk, dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget!!

"Hua ha ha ha, jenengku Jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti", jare Jine.

"Gak percoyo aku, paling kon katene mbujuki aku", jare Kayat.

"Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njalukmu opo", jare Jine maneh.

"Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon!!! Sing pertama, aku kepingin nduwe dhuwik sak karung", jare Kayat.

"Meremo dhiluk.." Jare Jine. Ting... Pas melek, moro-moro ndhik ngarepe Kayat, wis onok dhuwik sak karung, satus ewuan kabeh.

"Wah, hebat, ... Saiki, sing ke loro, aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange", jarene Kayat.

"Meremo dhiluk.." Jare Jine. Ting... Pas melek, moro-moro Kayat wis nang njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan...

"Lha saiki, kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing temenan, cik gak getun", jare Jine.

Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk: "aku kepingin kulitku malih putih, wudho dirubung wong wedhok akeh".

Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame, ambek keroso awake dicekel-cekel. "Tapi koq mambu iwak pindang", pikire Kayat mulai curiga.
Bareng melek... Kayat kuaget.
Lha koq wis nang tengah pasar! Tibake Kayat wis dadi TAHU...!!!=))

0 komentar:

Posting Komentar